1 Aku nyumurupi maneh sakehing panindhes kang kalakon ana ing sangisoring langit, lan eluhe para wong kang katindhes mangka ora ana kang nglipur, amarga kang nindhes iku padha kadunungan pangwasa.
2 Awit saka iku wong mati kang wus suwe anggone ngajal iku dakanggep padha luwih begja katimbang karo wong kang padha urip, kang saiki isih padha urip.
3 Nanging kang luwih begja tinimbang karo sakaro-karone iku -- manut panganggepku -- yaiku wong kang durung ana, kang durung nyumurupi panggawe ala, kang kelakon ana ing sangisoring langit.
4 Lan aku sumurup, manawa sakehing kangelan lan sakehing kabisan ing bab nindakake pagawean iku yaiku meri marang wong liya. Iku uga bab kang tanpa guna lan ateges mburu angin.
5 Wong kang bodho sedhakep lan mangan daginge dhewe.
6 Katentreman sagegem iku luwih becik tinimbang karo kangelan rong gegem lan ngudi mburu angin.
7 Aku nyumurupi maneh bab-bab kang tanpa paedah ana ing sangisoring langit:
8 ana wong kang mung ijen, ora duwe anak lanang utawa sadulur lanang, lan ora leren-leren anggone nglakoni kangelan, mripate iya ora bisa wareg ndeleng kasugihan; -- kanggo sapa anggonku nglakoni kangelan lan nampik kasenengan? -- Iku uga bab kang tanpa paedah lan kang marakake susah.
9 Wong loro iku luwih prayoga tinimbang karo wong siji, awit iku padha tampa pituwas kang becik tumrap kangelane.
10 Amarga manawa padha tiba, kang siji banjur nangekake sijine, nanging cilaka wong kang ijen manawa tiba, awit ora ana wong liyane kang nangekake.
11 Uga manawa wong loro padha turu, banjur padha dadi anget, nanging manawa ijen kapriye bisane dadi anget?
12 Lan manawa wong ijen bisa dikalahake, wong loro bakal bisa nanggulangi. Tapi telu ora gampang dipedhot.
13 Wong anom kang miskin nanging kadunungan kawicaksanan iku luwih becik katimbang karo ratu sepuh kang bodho, kang puguh diemutake.
14 Awit wong anom mau metu saka ing pakunjaran banjur dadi ratu, sanadyan laire ana ing sajroning kamlaratan nalika kang sepuh mau ngasta paprentahan.
15 Aku nyumurupi kabeh wong kang ana ing sangisoring langit iki padha lumaku bebarengan karo wong anom kang bakal nggenteni ratu mau.
16 Tanpa wilangan kehe wong kang padha dipimpin, nanging wong kang sawuse iku padha teka, ora padha seneng marang panjenengane. Awit saka iku iki uga tanpa paedah lan ateges mburu angin.
17 Reksanen sikilmu, manawa kowe lumebu ing padalemaning Allah; nyedhak prelu ngrungokake iku luwih becik tinimbang karo nyaosake kurban kang ditindakake dening para wong bodho, amarga iku ora mangreti, manawa padha nglakoni piala.