1 Elinga marang kang nitahake kowe ing sajrone isih anom, sadurunge satekane dina-dina kang ala lan taun-taun, kang kokkandhakake mangkene: “Ing nalika iku aku ora duwe kasenengan!”,
2 yaiku sadurunge srengenge lan pepadhang, rembulan lan lintang-lintang dadi peteng, sarta sawuse udah mendhunge padha bali maneh,
3 ing nalika kang tunggu omah padha gumeter lan wong-wong kang rosa padha mbungkuk, tuwin para wong wadon kang nggiling padha leren amarga cacahe suda, sarta kang padha ndeleng saka ing cendhela padha dadi lamur kabeh,
4 apamaneh lawang-lawang ing sapinggiring dalan padha mineb, swarane panggilingan dadi lirih, swarane dadi kaya pangocehing manuk, tuwin sakehing pasindhen wadon padha dadi lirih swarane,
5 wong-wong uga padha dadi wedi marang unggah-unggahan; lan ing dedalan ana kang memedeni, wit saked akembang, walange lakune ngrekasa kalawan nyeret awake, tuwin kekarepan mangan ora kena kagugah maneh -- amarga manungsa lunga menyang ing omahe kang langgeng, apadene para juru nangis padha kluyuran ana ing dedalan,