11 Tembung-tembunge wong wicaksana iku kayadene kawat eri lan keklumpukane tulisane kaya paku-paku kang tumancep, pawewehe sawijining pangon.
12 Sarta maneh, anakku, sing waspada! Nganggit buku akeh iku ora ana uwise lan sinau akeh iku gawe keseling awak.
13 Wasana minangka pungkasane kang kapireng yaiku: wedia marang Gusti Allah lan netepana pepaken-pepakene, awit iki kuwajibane saben wong.
14 Amarga Gusti Allah bakal masrahake sabarang panggawe marang pangadilan, kang ngadili samubarang kang samar, kang becik lan kang ala.