5 Ana wayahe mbuwang watu, ana wayahe nglumpukake watu; ana wayahe ngrangkul, ana wayahe cegah ngrangkul.
6 Ana wayahe nggoleki, ana wayahe ngeklasake ilanging barang; ana wayahe nyimpen, ana wayahe mbuwang.
7 Ana wayahe nyuwek, ana wayahe ndondomi; ana wayahe meneng, ana wayahe caturan.
8 Ana wayahe nresnani, ana wayahe nyengiti; ana wayahe perang, ana wayahe rukun.
9 Apa ta pituwase wong kang nindakake pagawean kang dilakoni kanthi kangelan?
10 Aku wus ndeleng pagawean kang diparingake dening Gusti Allah marang para anaking manungsa, supaya padha gawea keseling awake.
11 Samubarang kabeh katitahake endah ing wayah kang wus kapesthekake, malah atine padha kaparingan kalanggengan, nanging manungsa ora bisa nyumurupi pakaryaning Allah wiwit wiwitan nganti wekasan.