2 wong kang kaganjar dening Gusti Allah kasugihan, raja-brana lan kamulyan, satemah ora kakurangan apa-apa tumrap kang dadi pepenginane, nanging wong iku ora diparengake dening Gusti Allah ngrasakake iku kabeh, nanging wong liya kang ngrasakake! Iki kaanan kang tanpa guna lan kasangsaran kang pait.
3 Manawa ana wong kang anake satus lan suwe uripe nganti dawa banget umure, nanging ora marem marang kasenengan, malah banjur ora oleh panguburan, aku kandha: anak keluron iku luwih becik katimbang karo wong mau.
4 Sabab anak keluron iku tekane tanpa guna lan ana ing pepeteng sarta jenenge katutupan ing pepeteng,
5 tur ora ndeleng srengenge tuwin ora weruh apa-apa. Iku luwih tentrem tinimbang karo wong mau.
6 Sanadyan uripe sewu taun ping pindho, manawa ora ngrasakake kasenengan, apa samubarang kabeh iku ora ngener marang panggonan siji?
7 Sakehing kangelane manungsa iku kanggo cangkeme, nanging pepenginane ora ana uwis-uwise.
8 Amarga apa ta kaluwihane wong wicaksana yen katimbang karo wong bodho? Apa ta kaluwihane wong miskin kang bisa srawungan karo pepadhane ngaurip?