8 Ora ana wong kang bisa nyandhet angin, lan ora ana wong kang bisa ngwasani dinaning pati. Perang iku ora ana lerene, tuwin duraka iku ora bakal ngeculake kang nglakoni.
9 Iku kabeh wus daksumurupi, sarta aku nggatekake sakehing panggawe kang kalakonan ana ing sangisoring langit, nalika wong kang siji ngwasani sijine ndadekake cilakane.
10 Aku uga sumurup wong duraka kang bakal padha dikubur kena lumebu, mangka wong kang lakune bener padha kapeksa ninggal panggonan kang suci lan kang ana ing kutha kono wus ora ana wong kang kelingan. Iki uga tanpa paedah.
11 Sarehne paukuman tumrap panggawe ala ora enggal-enggal kaetrapake, atining manungsa banjur kebak kekarepan ala.
12 Sanadyan wong dosa lan kang nglakoni piala ping satus dawa umure, nanging aku sumurup, manawa wong kang wedi marang Gusti Allah iku bakal oleh kaslametan, amarga padha wedi marang pangayunane.
13 Nanging wong duraka ora bakal oleh kaslametan lan kayadene ayang-ayangan, ora bakal dawa umure, amarga ora wedi marang pangayunaning Allah.
14 Ana sawijining prakara kang tanpa paedah kang kelakon ana ing bumi: ana wong mursid kang padha tanpa pituwas kang pantese kanggo wong duraka, lan ana wong duraka kang padha tanpa ganjaran kang pantese kanggo wong mursid. Aku kandha: “Iki iya tanpa guna!”