1 Musthikaning Kidung anggitane Sang Prabu Suleman.Aku muga ingarasana kalawan pangarasing lathine!
2 Amargi katresnan Paduka punika nikmatipun nglangkungi anggur,
3 lisah Paduka wangi gandanipun,asma Paduka kadya lisah ingesok,milanipun para kenya sami tresna dhumateng Paduka.
4 Kawula mugi Paduka gendeng ing pengkeran Paduka,sumangga sami enggal-enggal tindak!Sang Prabu wus mbekta aku menyang ing jero kadhatone.Kawula sami badhe surak-surak lan sukarena margi saking Paduka,kawula sami badhe ngalembana sih Paduka ingkang ngungkuli anggur!Sampun samesthinipun sami tresna dhumateng Paduka!