1 Dhuh putri kang luhur ing budi,iba endahe lakumu karo nganggo sandhal iku,solahing cethikmu kaya rerenggan,gegaweaning tangane seniman.
2 Pusermu pindha bundering bokor,kang tan lukak isi anggur cinampur.Padharanmu kaya gandum tinumpuk,kinubengan ing kembang bakung.
3 Payudaramu lir anak menjangan loro,kadya anak kidang kembar.
4 Gulumu pindha menara gadhing,mripatmu kadi telaga ing Hesybon,cedhak gapura Batrabim;irungmu kaya menara ing Libanon,kang madhep marang ing kutha Damsyik.
5 Sirahmu kadi gunung Karmel,rambuting sirahmu wungu semu abang;sawijining ratu kecanthol ing klabangane.
6 Kowe iku sulistya lan endah banget warnamu,heh kang kinasihan ana ing satengahing kang gawe seneng.
7 Wanguning awakmu kadi wit kurma,lan payudaramu pindha dhompolane.
8 Tembungku: “Aku kepengin menek ing wit kurma iku,lan nyekel dhompolan-dhompolane.Payudaramu kaya dhompolan anggur,lan napasing irungmu lir woh apel.
9 Tembung-tembungmu manis kaya anggur!”Anggur iku malah mili marang ing kekasihku tanpa leren,luber marang ing lambening wong-wong kang lagi padha turu!
10 Aku iki duweke kekasihku,kayungyunne tumuju marang aku.
11 Dhuh kekasih kawula,sumangga sami ameng-ameng dhateng ara-ara, nyare wonten ing satengahing sekar pacar!
12 Sumangga, sami ameng-ameng dhateng ingpakebonan anggur ing wanci umun-umun,lan mirsani punapa witipun anggur sampun medal kuncupipun,punapa sekaripun sampun mekar,wit-witanipun dlima punapa sampun sekar!Wonten ing ngriku kawula badhe ngesokakenkatresnan kawula dhumateng Paduka!