Musthikaning Kidung 2 JAV

1 -- Kawula punika sekar mawar saking Saron,sekar bakung ing lebak.

2 -- Memanisku iku ana ing satengahe para kenyapindha kembang bakung ing satengahing eren.

3 -- Kekasihku iku ana ing satengahe para nom-nomankaya wit apel ing satengahing wit-witan ing alas.Aku kepengin lungguh ana ing ayome,wohe legi tumrap ing cethakku.

4 Aku kinanthi lumebu ing papan pahargyanlan tunggul kang ana ing dhuwurku iku tresna.

5 Bok aku kinuwatna srana panganan kismis,sinegerna kalawan woh apel.

6 Amarga aku nandhang lara asmara.Astane kiwa ana ing ngisoring sirahku,astane tengen ngrangkul aku.

7 He, para putri ing Yerusalem, kowe padha sunsupatani,demi kidang-kidang utawa menjangan wadon ing ara-ara;kowe aja nggugah lan ngobahake katresnan, sadurunge dikarepake!

Ing korining penganten putri

2:8-17

8 Rungokna! Kekasihku!Sawangen rawuhe,mlumpat-mlumpat ing gunung-gunung,mencolot-mencolot ing tengger-tengger!

9 Kekasihku iku kaya kidang,utawa anak menjangan.Delengen, panjenengane jumenenging saburining tembok kita,kambi ngungak-ungak liwat cendhela-cendhelalan nginjen ing ruji-ruji.

10 Kekasihku wiwit ngandika marang aku:“Tangia, memanisku,mrenea, intenku!

11 Awitdene delengen, mangsa atis wis kliwat,udane wis terang, lan wis kepungkur.

12 Ing pategalan wis katon kembang-kembang,wis mangsane methik;anggunge perkutut wis keprungu anaing tanah kita.

13 Wit anjir wiwit awoh,lan kembanging wit anggur ngambar gandane.Tangia, memanisku,mrenea, intenku!

14 Manukku dara ana ing lowahan-lowahaning parang,ana ing pandhelikan ing ereng-erenging gunung,pamerna paraupanmu,wetokna suwaramu;amarga arum suwaramu,lan endah warnamu!”

15 Aku padha cekelna asu wawar iku,asu wawar kang cilik,kang ngrusak pakebonan anggur,pakebonan anggurku kang nedhenge kembang!

Penganten sakaliyan padha sapa-sinapa

4:16--5:1

16 Kekasihku iku darbekku lan aku iki kagunganekang ngengen wedhus ana ing satengahing kembang bakung.

17 Sadurunge angin sore mididlan ayang-ayang ilangdhuh kekasih kawula,Paduka mugi kersaa wangsul,saha karsaa tumindak kados kidangutawi kados anak sangsamingkang wonten ing redi-redi taneman anggi-anggi!

Bab

1 2 3 4 5 6 7 8