Musthikaning Kidung 6 JAV

1 -- Menyang ngendi tindake kekasihmu,he, wong sulistya ing satengahe para wanita?Menyang ngendi enering tindake kekasihmu,aku arep padha ngrewangi kowe nggoleki.

2 -- Kekasihku tedhak menyang ing pakebonan,ing bedheng-bedhenging anggi-anggi,ngengen wedhuse ana ing pakebonanlan methiki kembang bakung.

3 Aku iki kagungane kekasihku,lan kekasihku iku darbekku,kang angen wedhus gembel ana ing satengahing kembang bakung.

Penganten kakung ngalembana penganten putri

6:4--7:5

4 Kowe iku endah ing warna, dhuh memanisku, kaya kutha Tirza,edi-endah kaya kutha Yerusalem,ngebat-ebati kaya balatantra kalawan tunggule.

5 Mripatmu engokna saka aku,amarga aku dadi ngleleng marga saka iku.Rambutmu pindha pepanthan wedhus,kang tumurun ngombak-ombak saka ing gunung Gilead.

6 Untumu kadya pepanthan wedhus gembel,kang jumedhul saka pangguyangan,kabeh padha manak kembar,ora ana kang ora duwe anak.

7 Pilinganmu kaya woh dlima sinigar,ana ing ngisoring kudhungmu.

8 Prameswarine ana sewidak,ampile wolung puluh,lan para kenya tanpa wilangan cacahe.

9 Nanging mung dheweke kang dadi manukku dara, idham-idhamanku,putrane ibune kang ora ana tunggale,kang kinasihan dening kang nglairake,para putri padha ndeleng lan ngarani begja,para prameswari lan para ampil padha ngalembana.

10 “Sapa kae kang jumedhul kadya bangbang wetan,endah lir wulan purnama,sumunar kaya surya,ngebat-ebati kaya balatantra kalawan tunggule?”

11 Aku mudhun menyang pakebonan kenari,ndeleng kuncup-kuncup ing lebak,niliki apa wite anggur wus kuncuplan wit-wite dlima apa wis kembang.

12 Aku ora eling,kangenku nglungguhake aku ana ing karetane wong luhur.

13 Dhuh prawan Sulam, balia, balia,balia, balia, supaya aku padha bisa nyawang kowe.Kena apa kowe seneng nyawang prawan Sulam ikukaya nonton beksan perang?

Bab

1 2 3 4 5 6 7 8