Musthikaning Kidung 8 JAV

1 O, saupami paduka punika sadherek kawula jaler,ingkang nesep ing payudaranipun ibu kawula,temtu badhe kawula aras,manawi kepanggih wonten ing jawi,amargi boten wonten tiyang ingkang badhe ngremehaken kawula!

2 Paduka badhe kawula kanthi lan kawula dherekakendhateng griyanipun ibu kawula, supados Paduka memulang dhumateng kawula.Paduka badhe kawula caosi anggur ingkang arum manawi kaunjuk,duduhing wohipun dlima kawula.

3 Astane kang kiwa nyangga sirahku,astane tengen ngrangkul aku.

4 He para putri ing Yerusalem,kowe padha daksupatani,kena apa kowe padha nggugah lan ngobahakekatresnan sadurunge dikarepake?

Katresnan iku santosa kayadene pati

8:5-7

5 Sapa kae kang jumedhul saka ing ara-ara samun,kang lendheh-lendheh ing kekasihe?Kowe dakgugah ana ing sangisoring wit apel,ana ing kono anggone ibumu ngandhut kowe,ana ing kono anggone ibumu ngandheg lan nglairake kowe.

6 -- Kawula mugi Paduka prenahaken wonten ing panggalih paduka,kados cap wonten ing asta Paduka,amargi katresnan punika santosa kadosdene pejah,asmara punika mempengipun kadya jagading pejah,mulad-muladipun kados urubing latu,kados mulad-mulading latunipun Sang Yehuwah!

7 Toya agung boten saged nyirep tresna,lepen-lepen boten saged ngentiraken.Saupami wonten tiyang ingkang ndanakaken sakathahing barang-darbekipun ingkang wonten ing griyanipun kadamel nebus katresnan,temtu namung badhe karemehaken kemawon.

Penganten putri lan rayine

8:8-10

8 Aku padha duwe adhi wadon,kang durung katon payudarane.Apa kang wajib daktindakake tumrap adhiku wadon,yen tumeka ing dinane linamar?

9 Saupama temboka,bakal dakdokoki payon salaka ing dhuwure,saupama lawanga,bakal daketrapi palang kayu eres.

10 -- Aku iki tembok,lan payudaraku kaya menara.Ana ing paningale wektu ikuaku kaya wong kang wus oleh kabegjan.

Luwih begja tinimbang Sang Prabu Suleman

8:11-12

11 Sang Prabu Suleman kagungan pakebonan anggur ana ing Baal-Hamon.Pakebonan anggur iku dipasrahake marang wong kang padha rumeksa,minangka oleh-olehane siji-sijine ngaturake dhuwit salaka sewu.

12 Pakebonan anggur kawula, gadhahan kawula piyambak,wonten ing ngarsa paduka,kagem panjenengan dalem arta sewu punika,dhuh Sang Prabu Suleman,lan ingkang kalih atus kangge tiyang-tiyang ingkang ngrimati wohipun.

Penganten sekaliyan wawan sabda

8:13-14

13 -- Heh kang manggon ana ing taman,kanca-kanca padha nggatekake swaramu,aku iya rungonana!

14 -- Dhuh kekasih kawula,Paduka mugi enggal karsaa tumindak kadosdene kidang,utawi kadosdene anak sangsamwonten ing redi-redi taneman anggi-anggi.

Bab

1 2 3 4 5 6 7 8