12 -- Sasuwene Sang Prabu lenggah dhahar,naredku amrik gandane.
13 Kekasihku iku tumraping aku kaya mur sabuntel,sumelip ing antarane payudaraku.
14 Kekasihku iku tumraping aku kaya kembang pacar sadhompol,ing pakebonan anggur ing En-Gedhi.
15 -- Lah memanisku, kowe iku sulistya,sanyata endah ing warna kowe iku,mripatira pindha manuk dara.
16 -- Dhuh kekasih kawula, Paduka punika bagus,saestu nenarik manah,pasarean kita punika saestu sakeca.
17 Griya kita punika balok-balokipun kajeng eres,gebyogipun kajeng eru.