13 Kekasihku iku tumraping aku kaya mur sabuntel,sumelip ing antarane payudaraku.
14 Kekasihku iku tumraping aku kaya kembang pacar sadhompol,ing pakebonan anggur ing En-Gedhi.
15 -- Lah memanisku, kowe iku sulistya,sanyata endah ing warna kowe iku,mripatira pindha manuk dara.
16 -- Dhuh kekasih kawula, Paduka punika bagus,saestu nenarik manah,pasarean kita punika saestu sakeca.
17 Griya kita punika balok-balokipun kajeng eres,gebyogipun kajeng eru.