1 Dhuh, memanisku, kowe iku sulistya,sanyata endah warnamu iku!Mripatmu katon lir manuk dara,ana ing sangisoring kudhungmu.Rambutmu pindha pepanthan wedhuskang katon ngombak-ombak mudhun saka ing pagunungan Gilead.
2 Untumu kadi pepanthan wedhus gembel kang lagi bae kacukuran,lan metu saka ing pangguyangan,kang kabeh manak kembarsarta ora ana kang ora duwe anak.
3 Lambemu lir pita jingga,tutukmu endah.Pilinganmu katon lir woh delima sinigarana ing sangisoring kudhungira.
4 Gulumu kadi menarane Sang Prabu Dawud,kang binangun kanggo nyimpen gegaman,tameng sewu cumanthel ana ing konosarta gadane para prawira kabeh.
5 Payudaramu pindha anak menjangan loro utawa anak kidang kembarkang lagi nyenggut ana ing satengahing kembang bakung.