11 Madu murni tumetes saka ing lambemu, pengantenku,madu lan susu ana ing sangisoring ilatmu,lan gandaning sandhanganmu ikupindha gandaning gunung Libanon.
12 Yayi, pengantenku, kowe iku pakebonan kang tinutup,pakebonan kang tinutuplan tuking banyu kang sinegel.
13 Trubusan-trubusanmu iku pakebonan wit delima,kang enak wohe,kembang pacar lan nared,
14 nared lan kunir, tebu lan manis jangan,sarta sawernaning wit menyan,mur lan gaharu,apadene sarupaning anggi-anggi pilihan.
15 Dhuh, tuking banyu ing pakebonan,sumbering banyu urip,kang mili saka ing gunung Libanon!