7 Kowe iku sulistya banget, dhuh memanisku,awakmu ora kadunungan cacad.
8 Mara tumuruna mrene saka ing gunung Libanon, dhuh pengantenku,mudhuna mrene saka ing gunung Libanon;mudhuna saka ing pucake gunung Amana,saka pucake gunung Senir lan gunung Hermon,saka guwa-guwaning singa,lan pagunungan panggonaning macan tutul!
9 Kowe gawe dheg-dhegane atiku, yayi, pengantenku,kalawan sakedhepaning mripatmukowe gawe dheg-dheganing atikusarta kalawan kalung ing gulumu saoncen.
10 Pancen nyata nikmat tresnamu,dhuh yayi, pengantenku.Tresnamu iku nikmate ngluwihi anggur,lan aruming lengamu ngluwihi sawarnaning anggi-anggi.
11 Madu murni tumetes saka ing lambemu, pengantenku,madu lan susu ana ing sangisoring ilatmu,lan gandaning sandhanganmu ikupindha gandaning gunung Libanon.
12 Yayi, pengantenku, kowe iku pakebonan kang tinutup,pakebonan kang tinutuplan tuking banyu kang sinegel.
13 Trubusan-trubusanmu iku pakebonan wit delima,kang enak wohe,kembang pacar lan nared,