3 “Kawula sampun cucul rasukan,punapa kawula badhe dandan malih?Kawula sampun mijiki suku kawula,punapa badhe kawula damel reged malih?”
4 Kekasihku nuli nglebetake astane metu bolonganing kori,atiku temah dheg-dhegan.
5 Aku tangi ngwengani kori kekasihku,tanganku netesake mur,drijiku netesake mur cuwer,ing gocekaning kancingan lawang.
6 Kekasihku dakwengani lawang,nanging kekasihku wis mengker, ngical.Kaya semaput-semaputa aku bareng Panjenengane ngical.Panjenengane daklari, nanging ora tinemu,dakaturi, nanging ora paring wangsulan.
7 Wong rondha ing kutha bareng padha kepethuk aku,aku dipenthungi, ditatoni,rimongku direbutdening wong kang jaga balowarti.
8 He, para putri ing Yerusalem, kowe padha daksupatani:manawa kowe kapethuk kekasihku,apa kang arep kokaturake marang Panjenengane?Aturna, yen aku nandhang brangta!
9 -- He wong sulistya ing satengahe para wanita,apa kaceke kekasihmu karo kekasih liyane,dene aku nganti koksupatani mangkene?