7 Wong rondha ing kutha bareng padha kepethuk aku,aku dipenthungi, ditatoni,rimongku direbutdening wong kang jaga balowarti.
8 He, para putri ing Yerusalem, kowe padha daksupatani:manawa kowe kapethuk kekasihku,apa kang arep kokaturake marang Panjenengane?Aturna, yen aku nandhang brangta!
9 -- He wong sulistya ing satengahe para wanita,apa kaceke kekasihmu karo kekasih liyane,dene aku nganti koksupatani mangkene?
10 -- Kekasihku iku putih menthur lan abang sumringah,katon dhewe ana ing antarane wong puluhan ewon.
11 Mustakane kaya kancana, kancana murni,remane ngandhan-andhan,ireng kaya gagak.
12 Tingale kaya manuk dara ana ing pinggir kali,siram ing puwan lan lenggah ana ing blumbang kang peres.
13 Pangarasane kaya bedhengan anggi-anggi,godhag-godhaganing akar wangi.Lathine kaya bakung,kang netesake mur ajer.