1 Iki wiwitane Injile Gusti Yesus Kristus, Putraning Allah.
2 Kaya kang wis katulisan ing kitabe Nabi Yesaya:“Lah, Ingsun dhawuh marang utusaningSun, supaya ndhisiki Sira, iku bakal nyawisake dalanira;
3 ana swaraning wong kang nguwuh-uwuh ana ing ara-ara samun:Padha nyawisna margining Pangeran,lencengna lurung-lurunge.”
4 Kaya mangkono anggone Nabi Yokanan Pambaptis rawuh ing ara-ara samun lan nguwuh-uwuh: “Padha mratobata lan padha kabaptisa, temah Gusti Allah bakal ngapura dosamu.”
5 Wong-wong saka ing wewengkon Yudea lan kabeh kang manggon ing kutha Yerusalem, padha mrono sarta padha dibaptisi kalawan ngakoni sakehing dosane, ana ing bengawan Yarden.
6 Nabi Yokanan ngagem jubah wulu unta lan paningset walulang, dene kang kadhahar walang karo madu alas.
7 Yaiku kang kawartakake mangkene: “Sawise aku bakal rawuh kang panguwaose ngluwihi aku. Bok tumungkul nguculi taline sepatune bae aku ora pantes.
8 Aku mbaptis kowe nganggo banyu, nanging Panjenengane bakal mbaptis kowe kalawan Roh Suci.”
9 Nalika samana Gusti Yesus rawuh saka ing kutha Nasaret ing tanah Galilea, lan banjur dibaptis dening Nabi Yokanan ana ing bengawan Yarden.
10 Bareng Panjenengane mentas saka ing banyu, banjur mirsa langit piyak, sarta Roh apindha manuk dara tumedhak ing Panjenengane.
11 Nuli ana swara saka ing swarga kang kaprungu mangkene: “Sira iku Putra kang Suntresnani, kang dadi kaparenging panggalihingSun.”
12 Sawise iku Gusti Yesus dumadakan katuntun dening Roh menyang ing ara-ara samun.
13 Ana ing kono suwene patang puluh dina, kagodha dening Iblis, Panjenengane lereb ana ing satengahing sato alas, sarta diladosi dening para malaekat.
14 Barang Nabi Yokanan wis kacepeng, Gusti Yesus rawuh ing tanah Galilea, nggelarake Injiling Allah,
15 pangandikane: “Iki wis tekan ing titimangsane; Kratoning Allah wus cedhak. Padha mratobata, lan pracayaa marang Injil!”
16 Nalika Gusti Yesus tindak ana ing urut pinggire sagara Galilea, mirsa Simon karo Andreas sadulure Simon, lagi padha nibakake jala ing sagara, amarga padha dadi tukang golek iwak.
17 Banjur padha didhawuhi Gusti Yesus mangkene: “Ayo, padha melua Aku, kowe bakal Dakdadekake tukang golek uwong.”
18 Sakarone nuli enggal-enggal ninggal jalane lan ndherekake Panjenengane.
19 Bareng nglajengake tindake sawatara, Gusti Yesus mirsa Yakobus anake Zebedheus lan Yokanan sadulure lagi ana ing prau ndandani jalane.
20 Sakarone nuli enggal padha ditimbali dening Gusti Yesus, lan iya banjur padha ninggal Zebedheus, bapakne, ana ing prau karo para buruhe, lan banjur ndherekake Panjenengane.
21 Kacarita lakune wis padha tekan ing kutha Kapernaum. Bareng dina Sabat, Gusti Yesus banjur tindak lumebet ing papan pangibadah lan memulang.
22 Wong-wong padha kaeraman ngrungokake piwulange, amarga anggone paring piwulang iku kaya kang kagungan panguwaos, ora kaya para ahli Toret.
23 Nalika samana ing papan pangibadah kono ana wong kang kapanjingan dhemit, kang nguwuh-uwuh:
24 “Paduka tumut-tumut punapa kaliyan kawula, dhuh Gusti Yesus saking Nasaret? Rawuh Paduka punapa badhe nyirnakaken kawula? Kawula mangretos Paduka punika sinten: Ingkang asipat suci, kagunganipun Allah.”
25 Nanging banjur didukani dening Gusti Yesus, pangandikane, “Meneng, metua saka wong iku!”
26 Wong kan kapanjingan banjur kececengan marga saka panggawene dhemit mau lan jerit-jerit nuli metu saka wong mau.
27 Kabeh wong padha sumlengeren, nganti padha takon-tinakon, “Apa ta iki? Piwulang anyar kagiyarake kanthi panguwasa. Dalah dhemit-dhemit diprentah iya padha nurut.”
28 Pawarta bab Panjenengane iki banjur enggal sumebar tekan ngendi-endi ana ing wewengkon Galilea.
29 Sawise saka ing papan pangibadah banjur padha menyang ing omahe Simon lan Andreas, karo Yakobus lan Yokanan.
30 Ibune maratuwa Simon ngaleleh ing paturon, jalaran lara panastis. Gusti Yesus banjur diaturi uninga bab larane iku.
31 Kang lara banjur dirawuhi, tangane diasta lan ditangekake. Padha sanalika ilang lelarane, banjur ngladeni tamu-tamune.
32 Bareng sore, sasuruping srengenge, wong-wong kang lara lan kang kasurupan dhemit, padha disowanake kabeh marang ngarsane Gusti Yesus.
33 Wong sakutha kabeh padha kumrubut ana ing ngarep lawang.
34 Gusti Yesus banjur nyarasake wong-wong kang padha nandhang lelara warna-warna lan nundhungi dhemit akeh. Dhemit-dhemit iku ora diparengake calathu, jalaran wis padha ngreti marang Panjenengane.
35 Bareng bangun esuk, nalika isih peteng, Gusti Yesus wungu lan banjur miyos, tumuli tindak menyang panggonan kang sepi lan ndedonga ana ing kono.
36 Simon lan kanca-kancane iya banjur nusul.
37 Barang wis ketemu, padha matur: “Sadaya sami madosi Paduka.”
38 Paring wangsulane, “Ayo padha menyang panggonan liyane, menyang ing kutha-kutha sing cedhak, Aku arep nggelarake Injil mrono uga, amarga iya iku prelune anggonKu teka.”
39 Panjenengane banjur ndlajahi tanah Galilea kabeh lan nggelarake Injil ana ing papan-papan pangibadah ing kono sarta nundhungi dhemit.
40 Tumuli ana wong lara budhugen sowan ing ngarsane Gusti Yesus, banjur jengkeng sarta nyuwun tulung marang Panjenengane, ature: “Manawi Paduka karsa, tamtu saged mbirat najis kawula.”
41 Gusti Yesus trenyuh ing galih marga saka welas, banjur mulung astane, ndemek marang wong mau sarta ngandika: “Aku karsa, birata najismu!”
42 Sanalika iku uga ilang lelarane budhug temah wis birat najise.
43 Wong mau banjur enggal kadhawuhan lunga kanthi kaweling wanti-wanti:
44 “Poma, kowe aja pisan-pisan kandha-kandha bab iki marang sapa bae, nanging lungaa, awakmu tuduhna marang imam, sarta caosna pisungsung birating najismu, kaya kang wis kadhawuhake dening Nabi Musa, minangka paseksi marang wong kabeh.”
45 Ewadene wong mau saundure banjur martak-martakake lelakon mau, disuwurake menyang ing ngendi-endi, satemah Gusti Yesus ora bisa kanthi ngedheng lumebet ing kutha. Panjenengane lereb ana ing jaba, ana ing panggonan-panggonan kang sepi, naning wong-wong saka ngendi-endi iya meksa padha sowan menyang ing ngarsane.