1 Nalika samana ing kono uga ana wong akeh maneh, kang akeh banget cacahe, padha ora ana kang dipangan. Gusti yesus banjur nimbali para sakabate lan ngandika:
2 “Atiku trenyuh banget marga saka welasKu marang wong akeh iki. Wis telung dina anggone padha ngetutake Aku, mangka saiki ora ana kang dipangan.
3 lan manawa padha Dakkon mulih, mangka padha luwe mangkono, bakal padha ambrk ana ing dalan, sabab ana kang adoh sangkane.”
4 Para sakabate padha munjuk: “Kadospundi anggenipun saged angsal roti wonten panggenan ingkang sepi makaten ingkang kangge nedhani tiyang-tiyang punika ngantos tuwuk?”
5 Gusti Yesus nuli ndangu: “Kowe duwe roti pira?” Unjuke para sakabat: “Wonten pitu.”
6 Wong akeh mau banjur padha kadhawuhan linggih ana ing lemah. Sawuse mangkono Gusti yesus banjur mundhut roti pitu mau, lan sawise saos sokur, nuli dicuwil-cuwil sarta diparingake marang para sakabat supaya didum-dum marang wong akeh mau lan iya banjur diwaratakake.
7 Para sakabat iya nggawa iwak sawatara, sawise diberkahi, banjur dhawuh supaya didum-dumake uga.
8 Wong-wong tumuli padha mangan nganti wareg. Turahane cuwil-cuwilan banjur diklumpukake dadi pitung wakul.
9 Anadene wong kang padha mangan iku cacahe watara ana patang ewu. Tumuli padha didhawuhi mulih.
10 Gusti Yesus banjur engal-enggal nitih prau kanthi para sakabate lan tindak menyang ing tlatahe tanah Dalmanuta.
11 Para wong Farisi tumuli padha sowan lan padha bebantahan karo Gusti Yesus. Wong-wong iku padha nyoba marang Panjenengane kanthi nyuwun supaya diparingana pratandha saka ing swarga.
12 Sajroning panggalih Gusti Yesus ngesah, banjur ngandika: “Yagene jinis iki kok njaluk pratandha? Aku pitutur marang kowe, satemene jinis iki babar pisan ora bakal kaparingan pratandha.”
13 Wong-wong mau tumuli padha ditilar minggah ing prau maneh lan tindak menyang ing sabrang.
14 Nalika samana para sakabat lali ora sangu roti, mung ana roti siji ing prau kono.
15 Gusti Yesus banjur ngengetake marang para sakabate, pangandikane: “Padha sing awas, padha ngwekanana ragine wong Farisi lan ragine Raja Herodhes.”
16 Para sakabat banjur padha rerasanan: “Anggone ngandika mangkono iku, marga aku padha ora nggawa roti.”
17 Bareng Gusti Yesus mirsa rerasanane iku, banjur ngandika: “Yagene kowe kok padha rasanan bab anggonmu padha ora nggawa roti? Apa kowe padha durung sumurup lan durung mangreti? Apa atimu wis dableg?
18 Kowe wong duwe mripat apa ora ndeleng, kowe duwe kuping apa ora krungu? Apa kowe padha ora kelingan,
19 nalika aku nyuwil-nyuwil roti kanggo wong limang ewu kae, pirang wakul turahane cuwilan?” Ature para sakabat: “Kalih welas wakul.”
20 “Lan nalika roti pitu kanggo wong patang ewu, anggonmu nglumpukake cuwilan pirang wakul?” Atur wangsulane: “Pitung wakul.”
21 Banjur ngandika: “Apa kowe meksa durung mangreti?”
22 Gusti Yesus banjur rawuh ing Betsaida, tumuli ana wong picak kasowanake ing ngarsane, disuwunake supaya didemeka.
23 Gusti nuli ngasta tangane wong picak mau lan dituntun menyang ing sajabane desa, tumuli dkecohi mripate lan ditumpangi asta sarta kadangu: “Apa kowe wis bisa ndeleng apa-apa?”
24 Wong mau bajur tumenga lan munjuk: “Kawula ningali tiyang sami lumampah, namung sawanganipun kados wit-witan.”
25 Gusti Yesus numpangake astane maneh ing mripate wong mau, temahan bisa ndeleng temenan lan wis waras, wis bisa ndeleng apa-apa kanthi cetha.
26 Banjur kadhawuhan mulih lan dipangandikani: “Aja mampir ing desa kono!”
27 Sawise iku Gusti Yesus banjur tindak menyang ing desa-desa sakiwa-tengene kutha Kaisarea Filipi kadherekake dening sakabate. Ana ing dalan padha didangu, pangandikane: “Wong-wong padha ngarani Aku iki sapa?”
28 Atur wangsulane: “Wonten ingkang mastani Nabi Yokanan Pambaptis, wonten ugi ingkang mastani Nabi Elia, sanesipun malih mastani panunggilanipun para nabi.”
29 Gusti Yesus banjur ndangu: “Lah yen kowe, Aku iki kokarani sapa?” Petrus matur: “Paduka punika Sang Kristus!”
30 Para sakabat banjur padha diwanti-wanti, ora diparengake wara-wara bab iku mau marang sapa bae.
31 Gusti Yesus tumuli wiwit mulang marang para sakabate, yen Putraning manungsa iku kudu nglampahi sangsara akeh, sarta ditampik dening para pinituwa lan para pangareping imam tuwin para ahli Toret, banjur disedani lan sawise telung dina wungu maneh.
32 Bab iki dipangandikakake kanthi ngeblak. Nanging Petrus banjur nggered minggir Gusti Yesus lan ngaturi pepenget Panjenengane.
33 Gusti Yesus nuli minger lan kalawan mirsani para sakabate, Petrus didukani: “Sumingkira, heh, Iblis, sabab kowe ora mikir apa kang digalih dening Gusti Allah, nanging apa kang dipikir dening manungsa.”
34 Gusti Yesus tumuli nimbali wong akeh karo para sakabate sarta padha dipangandikani mangkene: “Saben wong kang arep ngetut-buri Aku, iku nyingkura marang awake dhewe, ngangkata salibe lan melua Aku.
35 Amarga sing sapa kumudu-kudu nylametake nyawane, iku bakal kelangan nyawane, nanging sing sapa kelangan nyawane marga saka Aku lan marga saka Injil, iku bakal nylametake nyawane.
36 Apa gunane wong oleh jagad iki kabeh, nanging kelangan nyawane?
37 Awit apa ta kang bisa diwenehake kanggo ngijoli nyawane?
38 Sabab sing sapa isin marga saka Aku lan marga saka tembung-tembungKu ana ing ngarepe jinis kang ora setya lan dosa iki, Putraning Manungsa iya bakal lingsem marga saka wong iku, manawa besuk rawuh ngagem kamulyane Ingkang Rama, ginarebeg ing para malaekat suci.”