Markus 10 JAV

Bab pegatan

10:1-12

1 Gusti Yesus tumuli jengkar saka ing kono tindak menyang ing tlatahe tanah Yudea lan tlatahe sabrange bengawan Yarden. Ana ing kono iya banjur akeh wong kan padha kumrubut sowan ing ngarsane lan kaya adate tumuli padha diparingi piwulang.

2 Banjur ana wong Farisi kang padha sowan, sedyane arep nyoba marang Gusti Yesus, unjuke: “Punapa tiyang jaler dipun kengingaken megat semahipun?”

3 nanging paring wangsulane: “Dhawuhe nabi Musa marang kowe kapriye?”

4 Atur wangsulane wong-wong mau: “Nabi Musa marengaken megat, nanging kedah nyukani serat pegat.”

5 Pangandikane Gusti Yesus: “Iya marga saka wangkoting atimu iku, mula Nabi Musa banjur macak pepakon iku tumrap ing kowe.

6 Amarga wiwit dumadining jagad Allah nitahake manungsa iku arupa lanang lan wadon.

7 Mulane wong lanang iku kudu ninggal bapa-biyunge lan rumaket marang rabine,

8 sarta loro-lorone iku banjur dadi daging siji, temah wis ora ana loro maneh, nanging mung siji.

9 Kang iku apa kang wis didadekake siji dening Allah iku, ora kena dipisah dening manungsa.”

10 Bareng wis padha ana ing omah, para sakabat padha miterang bab iku maneh marang Gusti Yesus.

11 Banjur padha dipangandikani mangkene: “Sing sapa megat bojone banjur rabi oleh wong wadon liyane, iku dadi laku jina tumrap rabine mau.

12 Lan manawa bojone mau ninggal sing lanang, banjur omah-omah oleh wong lanang sejene, iku iya laku jina.”

Gusti Yesus mbarkahi bocah-boah

10:13-16

13 Sawise iku nuli ana wong kang padha nyowanake bocah-bocah menyang ing ngarsane Gusti Yesus, supaya padha diasta, nanging padha disrengeni dening para sakabat.

14 Bareng Gusti Yesus mirsa, Panjenengane duka, sarta para sakabat padha dipangandikani mangkene: “Cikben bocah-bocah padha sowan marang Aku, aja kokpenggak, amarga wong kang kaya mangkono iku kang nduweni Kratoning Allah.

15 Aku pitutur marang kowe: Satemene sing sapa anggone nampani Kratoning Allah ora kaya bocah cilik, iku ora bakal lumebu ing kono.”

16 Bocah-bocah mau tumuli padha dirangkuli sarta padha dibarkahi kalawan katumpangan asta.

Wong sugih angel bisane lumebu ing Kratoning Allah

10:17-27

17 Nalika Gusti Yesus arep nglajengake tindake, ana wong kang mlayu-mlayu sowan ing ngarsane, banjur sujud lan matur pitakon: “Dhuh, Guru ingkang utami, punapa ingkang kedah kula lampahi, supados angsal gesang langgeng?”

18 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Yagene kowe ngarani Aku utama? Ora ana kang utama, kajaba mung siji: Gusti Allah.

19 Kowe mesthine wis sumurup pepakon: Sira aja memateni, aja laku jina, aja nyenyolong, aja ngucapake paseksi goroh, aja gawe pituna marang wong; sira ngajenana bapa-biyungira!”

20 Wong mau banjur matur: “Guru, sadaya punika sampun kula tetepi wiwit alit mila.”

21 Gusti Yesus nuli mirsani wong mau kanthi raos tresna, banjur ngandika: “Mung kari saprakara kakuranganmu: Mundura, barang darbekmu dolana kabeh, pepayone wenehna marang wong-wong miskin, temahan kowe bakal tampa bandha kaswargan, banjur balia mrene, melua Aku!”

22 Bareng krungu pangandika mangkono iku, wong mau gela atine, banjur mundur kalawan sedhih, amarga akeh barang darbeke.

23 Gusti Yesus banjur mirsani ngiwa nengen marang para sakabate lan ngandika, “Pancen angel banget tumraping wong sugih bisane mlebu ing Kratoning Allah.”

24 Para sakabat padha gumun ngrungokake pangandikane iku. Nanging Gusti Yesus tumuli ngandika maneh: “He, bocah-bocah, lumebu ing Kratoning Allah iku pancen angel banget.

25 Luwih gampang unta nalusup ing bolonganing dom katimbang karo wong sugih bisane lumebu ing Kratoning Allah.”

26 Para sakabat saya mundhak gumune, banjur padha rerasanan: “Yen mangkono sapa ta kang bisa tampa karahayon?”

27 Gusti Yesus mirsani wong mau kabeh lan ngandika: “Tumraping manungsa iku mokal, nanging ora mangkono tumraping Allah. Amarga tumraping Allah samubarang kabeh bisa kalakon.”

Ganjaran tumrap para pandhereke Gusti Yesus

10:28-31

28 Petrus tumuli matur marang Gusti Yesus: “Lah kawula punika sampun sami nilar samukawis sadaya lajeng sami ndherek Paduka.”

29 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku pitutur marang kowe: Satemene saben wong kang marga saka Aku lan marga saka Injil ninggal omahe, sadulure lanang apa wadon, ibune apa bapakne, anak-anake utawa pategalane,

30 wong iku, saiki, ing wektu iki uga, bakal tampa sembulih tikel satus: omah, sadulur lanang, sadulur wadon, ibu, anak lan pategalan sanadyan kanthi panganiaya maneka warna, lan ing jaman besuk bakal tampa urip langgeng.

31 nanging para pangarep akeh kang bakal dadi pamburi, lan para pamburi bakal dadi pangarep.”

Gusti Yesus paring sumurup kang kaping telune bab anggone bakal nandhang sangsara

10:32-34

32 Nalika samana lagi padha bebarengan munggah menyang ing Yerusalem, Gusti Yesus tindak ana ing ngarep. Para sakabat padha ngungun, sarta wong-wong kang ndherekake padha rumangsa wedi. Sakabat rolas nuli ditimbali maneh, banjur wiwit dipangandikani bab apa kang bakal kalakon tumrap ing sarirane,

33 pangandikane: “Saiki aku kabeh menyang Yerusalem lan Putraning Manungsa bakal kaulungake marang para pangareping imam lan para ahli Toret, banjur bakal kaukum pati lan bakal kaulungake marang bangsa-bangsa kang durung wanuh marang Allah,

34 lan bakal dipoyoki, diidoni, disapu sarta dipateni lan sawise telung dina bakal tangi.”

Panyuwune Yakobus lan Yokanan.

10:35-45

35 Yakobus lan Yokanan, anak-anake Zebedheus, padha nyedhaki Gusti Yesus lan matur: “Guru, kawula sami nyuwun, mugi Paduka karsaa ngabulaken panyuwunan kawula.”

36 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Karepmu Dakkapakake?”

37 Unjuke: “Benjing wonten ing kamulyan Paduka, keparenga kawula linggih satunggal ing tengen, satunggal wonten ing kiwa Paduka.”

38 Nanging Gusti Yesus ngandika: “Kowe padha ora ngreti apa kang padha koksuwun. Apa kowe bisa ngombe ing tuwung kang bakal Dakunjuk lan dibaptis kalawan baptis kang bakal Daktampani?”

39 Atur wangsulane: “Inggih saged.” Pangandikane Gusti Yesus: “Pancen, kowe bakal padha ngombe ing tuwung, kang bakal Dakunjuk, lan bakal dibaptis kalawan baptis kang bakal Daktampani.

40 Nanging bab linggih ing tengenKu lan ing kiwaKu iku Aku ora wenang marengake. Iku bakal kaparingake marang wong-wong kang wis cinadhang.”

41 Bareng sakabat kang sapuluh krungu kang mangkono iku, padha nepsu marang Yakobus lan Yokanan.

42 Nanging banjur padha ditimbali Gusti Yesus sarta dipangandikani: “Kowe padha ngreti, yen kang jeneng pamarentahing bangsa-bangsa iku masesani rakyate, lan para panggedhe padha kaampilan panguwasa ngereh marang rakyat mau.

43 Nanging ana ing antaramu ora mangkono. Sing sapa kapengin dadi gedhe ana ing antaramu, iku dadia paladenmu,

44 sarta sing sapa kapengin dadi pangarep ana ing antaramu, iku dadia bature wong akeh.

45 Amarga Putraning manungsa iku rawuhe ora supaya diladeni, nanging sumedya ngladosi lan masrahake nyawane minangka panebuse wong akeh.”

Gusti Yesus nyarasake Bartimeus

10:46-52

46 Banjur padha tekan ing kutha Yerikho. Nalika Gusti Yesus tindak miyos saka ing Yerikho, kadherekake dening para sakabate lan wong akeh gumrudug, ana wong ngemis wuta, jenenge Bartimeus, anake Timeus, linggih ndheprok ing pinggir dalan.

47 Bareng krungu, yen iku Gusti Yesus saka ing Nasaret, banjur wiwit nguwuh-uwuh, unjuke: “Dhuh, Gusti Yesus, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi!”

48 Banjur disendhu ing wong akeh, dikon meneng. Nanging malah saya seru anggone nguwuh-uwuh: “Dhuh, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi!”

49 Gusti Yesus tindake tumuli kendel lan dhawuh: “Undangen mrene!” Wong picak mau banjur diparani wong akeh lan dikandhani: “Wis, sing tatag atimu, ngadega, kowe ditimbali.”

50 Wong ngemis mau banjur cucul jubahe, tumuli ngadeg lan enggal-enggal sowan menyang ing ngarsane Gusti Yesus.

51 Gusti Yesus ndangu: “Karepmu Dakkapakake?” Wong picak mau matur: “Rabbuni, mugi kawula sageda ningali!”

52 Gusti Yesus banjur ngandika: “Wis, mundura, pangandelmu kang mitulungi kowe!” Padha sanalika wong picak mau bisa ndeleng, banjur ndherekake tindake Gusti Yesus.

Bab

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16