1 Let sawatara dina, bareng Gusti Yesus wis rawuh maneh ana ing Kapernaum, pawartane enggal sumebar, yen Panjenengane ana ing dalem.
2 Mulane banjur akeh wong kang padha kumrubut mrono, nganti kekurangan papan, malah ing ngarep lawang iya wis ora ana panggonan. Gusti Yesus banjur medhar pangandika marang wong-wong mau.
3 Tumuli ana wong-wong kang nyowanake wong lumpuh, digotong wong papat.
4 Nanging ora bisa tekan ing ngarsane, marga saka akehe wong, mulane banjur mbukak payon ing sanginggile Gusti Yesus; sawuse mangkono kasur kang dituroni wong lumpuh mau nuli diudhunake.
5 Bareng Gusti Yesus nguningani pangandele wong-wong mau, banjur ngandika marang kang lumpuh: “He, ngger, dosanmu wis kaapura!”
6 Nanging ing kono iya ana ahli Toret sawatara, iku padha nggagas:
7 “Yagene wong iku kok muni mangkono? Iku rak nyenyamah Gusti Allah. Sapa kang wenang ngapura dosa kajaba mung Gusti Allah piyambak?”
8 Nanging Gusti Yesus sajroning panggalih mirsa marang gagasane wong-wong mau kang mangkono iku, banjur padha dipangandikani: “Kapriye dene kowe padha duwe gagasan mangkono sajroning atimu?
9 Endi kang luwih gampang, kandha karo wong lumpuh iku: Dosamu wis diapura, apa kandha: Tangia, paturonmu angkaten lan lumakua.
10 Nanging supaya kowe padha mangreti, yen Putraning Manungsa ana ing donya iki duwe panguwasa ngapura dosa,” -- banjur ngandika marang kang lumpuh: --
11 “Aku kandha marang kowe, tangia, paturonmu angkaten lan muliha!”
12 Padha sanalika wong mau banjur tangi, paturone diangkat nuli lunga metu saka ing ngarepane wong-wong mau, temahan wong kabeh padha kaeraman lan banjur ngluhurake Gusti Allah, pangucape: “Kaya mangkene iki aku durung tau tumon.”
13 Sawise iku Gusti Yesus tindak menyang ing pinggiring sagara maneh; akeh wong kang padha sowan marang ing ngarsane, banjur padha diparingi piwulang.
14 Wasana nalika panjenengane langkung ing kono, mirsa Lewi anake Alfeus linggih ana ing pabeyan, banjur dipangandikani: “Melua Aku!” Lewi tumuli ngadeg ndherekake Panjenengane.
15 Kacarita nalika Gusti Yesus dhahar ana ing omahe wong mau, akeh juru-mupu-beya lan wong dosa kang padha ndherek dhahar Panjenengane bebarengan karo para sakabat, amarga akeh wong kang padha ndherekake tindake.
16 Nalika para ahli Toret saka golongan farisi nyumurupi anggone Gusti Yesus Dhahar bebarengan karo juru-mupu-beya lan wong dosa iku, bajur padha kandha marang para sakabat: “Yagene iku kok mangan bebarengan karo juru-mupu-beya lan wong dosa?”
17 Gusti Yesus mireng, lan banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kang butuh dhukun iku dudu wong waras, nanging wong lara. TekaKu iki ora arep ngundang wong sampurna, nanging wong dosa.”
18 Ing sawijining dina, nalika para sakabate Nabi Yokanan Pambaptis lan para muride wong-wong Farisi lagi padha pasa, ana wong-wong kang sowan ing ngarsane Gusti Yesus sarta matur: “Punapa sababipun dene para sakabatipun Nabi Yokanan kaliyan murid-muridipun tiyang Farisi sami siyam, sakabat panjenengan kok boten?”
19 Paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau: “Apa bisa para mitraning panganten lanang pasa, nalika mantene isih ana ing kono? Sasuwene panganten isih ana, wong-wong ora bisa pasa.
20 Nanging bakal tumeka ing titi-mangsane, panganten mau bakal kapethal saka ing wong-wong mau, ing kono banjur bakal padha pasa.
21 Ora ana wong kang nambal sandhangan lawas nganggo suwekan anyar, awit manawa mangkono suwekane kang anyar mau bakal nyuwekake, kang anyar nyuwekake kang lawas, temahan saya amba suweke.
22 Mangkono uga ora ana wong kang ngisekake anggur anyar ing impes lawas, amarga yen mangkono anggure bakal ngamohake impes mau, satemah anggure lan impese loro-lorone bakal tanpa guna. Mulane anggur anyar kudune diwadhahi ing impes anyar.”
23 Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, Gusti Yesus tindak nglangkungi pategalan gandum lan sajrone mangkono iku para sakabate padha nyethuti wewulen gandum.
24 Wong-wong Farisi banjur padha matur marang Panjenengane: “Kula aturi mirsani. Punapaa tiyang-tiyang punika sami nindakaken punapa ingkang dados awisan tumrap ing dinten Sabat?”
25 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa kowe durung tau maca apa kang ditindakake dening Senapati Dawud, nalika karo para pandhereke padha nandhang kakurangan lan kaluwen,
26 yaiku anggone banjur lumebu ing Padalemaning Allah, nalika Abyatar dadi Imam Agung, nuli dhahar roti cecaosan -- kang ora kena dipangan dening wong liyane kajaba dening para imam -- lan para pandhereke iya banjur padha diparingi uga?”
27 Banjur ngandika maneh: “Dina Sabat iku dianakake kanggo manungsa, ora kok manungsa kanggo dina Sabat,
28 dadi Putraning Manungsa iku uga Gustine dina Sabat.”