1 Gusti Yesus banjur wiwit ngandika marang wong-wong mau kalawan pasemon, “Ana wong gawe pakebonan anggur lan dipageri mubeng. Nuli ndhudhuk jugangan papan pameresan sarta ngadegake panggung panjagan. Sawise mangkono pakebonan iku disewakake marang wong-wong kang bakal padha nggarap, banjur lelungan menyang tanah ngamanca.
2 Bareng wus tumeka ing mangsane, wong mau kongkonan batur marani saperanganing pametune pakebonan menyang wong sing padha nggarap.
3 Nanging batur iku banjur dicekel dening wong-wong mau lan digebugi banjur dikon bali nglenthung.
4 Kang duwe pakebonan tumuli kongkonan batur liyane. Wong iki dipenthungi nganti tatu sirahe sarta diwirang-wirangake.
5 Banjur ana batur siji maneh kang dikongkon, iki malah dipateni. Lan isih akeh maneh liyane, ana kang digebugi lan ana kang dipateni.
6 Saiki mung kari siji, yaiku anake kang ditresnani. Wasana iki iya dikongkon marang wong-wong mau, pamikire: Anakku mesthine dieringi.
7 Nanging wong-wong kang nggarap pakebonan mau nuli padha rembugan mangkene: Lah iku ahli warise, ayo padha dipateni bae, mengko warisane banjur kita kang nduweni.
8 Mulane iya banjur dicekel lan dipateni, nuli dibuwang menyang ing sajabaning kebon anggur.
9 Saiki, apa kang bakal ditindakake dening kang duwe pakebonan anggur iku? Mesthi bakal teka mrono, wong-wong kang nggarap bakal padha ditumpes, kebone anggur nuli dipitayakake marang wong sejene.
10 Apa kowe durung tau maca nas iki:Watu kang dibuwang dening para juru gawe omahiku wis dadi watu kang baku ana ing pojok.
11 Iku pakaryaning Pangeran,sawijining bab kang nggumunake ing pandeleng kita.”
12 Wong-wong mau banjur padha mbudi-daya nyekel Gusti Yesus, amarga padha ngreti, yen sing dikarepake dening pasemon mau dheweke kabeh. Nanging padha wedi marang wong akeh, mulane banjur padha mundur, Panjenengane ditogake bae.
13 Wong-wong mau banjur kongkonan wong Farisi lan wong Herodhian sawatara sowan ing ngarsane, sedyane arep nyengkolong Panjenengane sarana pitakonan.
14 Kongkonan mau padha ngadhep lan matur: “Guru, kula sami sumerep, bilih Panjenengan punika jujur, tuwin boten ajrih dhateng sinten kemawon, amargi Panjenengan boten mawang tiyang, nanging mulangaken bab margining Allah ing saleresipun. Caos paos dhateng Sang Nata Agung punika punapa dipun kengingaken? Kula kedah nyaosi punapa boten?”
15 Nanging Gusti Yesus mirsa marang lamise wong-wong mau, banjur ngandika: “Yagene kowe padha nyoba marang Aku? Aku jupukna dhuwit dinar siji, arep Dakdeleng!”
16 Banjur dicaosi siji. Panjenengane nuli ndangu: “Iki gambare sapa lan iki tulisane sapa?” Atur wangsulane wong-wong mau: “Gambar saha seratanipun Sang Nata Agung.”
17 Pangandikane Gusti Yesus maneh: “Mulane Sang Nata Agung caosana kang dadi kagungane Sang Nata Agung, lan marang Gusti Allah kang dadi kagungane Gusti Allah.” Wong-wong mau padha kaeraman marang Panjenengane.
18 Tumuli ana wong Saduki sawatara kang sowan ing ngarsane, yaiku kang duwe panemu, yen patangen saka ing antarane wong mati iku ora ana; iku padha matur pitakon:
19 “Guru, nabi Musa sampun maringi dhawuh dhateng kula sadaya: Manawi wonten tiyang ingkang gadhah sadherek jaler tilar donya, nilar semah boten tilar anak, punika sadherekipun wau kedah ningkah ingkang estri, supados saged gadhah turun kangge sadherekipun ingkang tilar wau.
20 Kalampahan wonten sadherek jaler pitu; ingkang kapisan emah-emah, nanging tilar donya boten tilar anak.
21 Ingkang estri lajeng dipun ningkah dening sadherekipun ingkang angka kalih, lan ugi tilar donya boten tilar anak. Makaten ugi ingkang angka tiga.
22 Makaten ing salajengipun, pitu-pitunipun sami boten tilar anak. Wasana sapengkeripun sadaya punika, tiyang estri wau inggih lajeng pejah.
23 Benjing dinten patangen, manawi tiyang-tiyang wau sami tangi, sinten ingkang dados semahipun tiyang estri punika? Amargi pitu-pitunipun sampun sami dados semahipun.”
24 Banjur padha diparingi wangsulan: “Kowe iku padha kesasar, iku amarga kowe ora padha ngreti marang Kitab Suci lan marang panguwasane Gusti Allah.
25 Awit manawa wong wis tangi saka ing antarane wong mati, iku ora omah-omah utawa ora diomah-omahake, nanging uripe kaya malaekat ing swarga.
26 Lan uga bab tangine wong mati, apa kowe ora maca ing kitab Musa, bab grumbul eri, anggone Gusti Allah ngandika marang Nabi Musa: Ingsun iki Allahe Abraham, Allahe Ishak, lan Allahe Yakub?
27 Panjenengane iku dudu Allahe wong mati, nanging Allahe wong urip. Kesasar banget kowe iku!”
28 Banjur ana sawijining ahli Toret, kang krungu anggone padha bebantahan lan ngreti, manawa paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau wis prayoga, iku nuli sowan ing ngarsane lan matur pitakon: “Pepaken ingkang ageng piyambak punika ingkang pundi?”
29 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Pepakon kang gedhe dhewe iku mangkene: Rungokna, heh, wong Israel, Pangeran Allah kita iku siji.
30 Sira tresnaa marang Allahira kalawan gumolonging atinira, lan kalawan gumolonging nyawanira, sarta kalawan gumolonging budinira apadene kalawan sakabehing kakuwatanira.
31 Dene pepakon kang kapindho yaiku: Sira tresnaa marang ing sapepadhanira kaya marang awakira dhewe. Ora ana pepakon liyane kang ngungkuli pepakon loro iku.”
32 Ahli Toret mau matur marang Gusti Yesus: “Kasinggihan, Guru, pangandika Panjenengan punika leres, bilih Gusti Allah punika namung satunggal, boten wonten sanesipun kajawi punika.
33 Pancen, tresna dhateng Gusti Allah kalayan gumolonging manah, kalayan gumolonging budi, saha kalayan sadaya kakiyatan, punapa dene tresna dhateng sasami-sami kadosdene punika dhateng badanipun piyambak, punika langkung dening utami yen katimbang kaliyan sadaya kurban obaran tuwin kurban sembelehan.”
34 Gusti Yesus mirsa, yen wangsulane wong mau kanthi pambudi, mulane banjur ngandika: “Kowe iku ora adoh karo Kratoning Allah!” Sabanjure ora ana wong kang wani matur apa-apa maneh marang Gusti Yesus.
35 Ing sawijining dina, nalika pinuju paring piwulang ana ing Padaleman Suci, Gusti Yesus ngandika: “Kapriye dene para ahli Toret bisa ngarani, yen Sang Kristus iku tedhake Sang Nata Dawud?
36 Mangka Sang Prabu Dawud piyambak marga saka katuntun dening Roh Suci ngandika mangkene:Dhawuhe Pangeran marang Gustiku:Sira lenggaha ing tengeningSun,nganti kabeh mungsuhira wus padha Sunselehake ing sangisoring tlapakanira.
37 Sang Prabu Dawud piyambak nyebat Gusti, nanging kapriye dene dadi tedhake?” Anadene akeh banget wong kang padha dhemen ngrungokake pangandikane.
38 Ing sajroning piwulange iku Gusti Yesus ngandika: “Sing padha ngati-ati marang para ahli Toret, kang padha dhemen mlaku-mlaku nganggo jubah dawa lan seneng diurmati ana ing pasar-pasar,
39 kang padha dhemen linggih ing ngarep dhewe ana ing papan pangibadah lan ana ing pambujanan,
40 kang padha nguntal omahe para randha, lan kekedhok donga kang dawa. Wong-wong iku mesthi bakal luwih abot paukumane.”
41 Nalika Gusti Yesus lenggah ing ngarep pethi pisungsung, mirsani wong akeh anggone padha nglebokake dhuwit ing pethi mau. Wong kang sugih-sugih akeh kang padha nyemplungake pisungsung akeh.
42 Banjur ana sawijining randha miskin kang iya nglebokake pisungsung, kehe rong igar, yaiku sadhuwit.
43 Para sakabat banjur padha ditimbali lan dipangandikani: “Aku pitutur marang kowe: sanyatane pisungsunge randha miskin iku luwih akeh katimbang sakabehing wong kang padha nyemplungake dhuwit ing pethi pisungsung,