12 Esuke nalika padha mangkat saka ing Betania, Gusti Yesus kerapan.
13 Bareng mirsa ing kadohan ana wit anjir kang wis ana godhonge, tumuli dipurugi, bokmanawa bisa manggih apa-apa. Nanging sarawuhe ing kono, ora manggih apa-apa kajaba mung godhong, amarga pancen durung mangsa woh anjir.
14 Ing kono Gusti Yesus banjur ngandikani wit iku: “Aja nganti ana wong kang mangan wohmu maneh ing salawas-lawase!” Para sakabat padha krungu pangandikane iku.
15 Lakune wis padha tekan ing Yerusalem, Gusti Yesus bareng wis lumebet ing Padaleman Suci, banjur tumandang nundhungi wong-wong kang padha dol-tinuku ana ing plataraning Padaleman Suci. Meja-meja pareyalan lan bangku-bangkune wong adol manuk dara padha digolingake
16 sarta ora marengake wong nggawa barang-barang liwat ing plataraning Padaleman Suci.
17 Wong-wong banjur padha diparingi piwulang, pangandikane: “Apa ora ana tulisan kang muni: PadalemaningSun kasebut dalem pamujan kanggo sakehing bangsa? Nanging wis kokdadekake kedhung begal!”
18 Para pangareping imam lan para ahli Toret padha krungu lelakon iku, banjur mbudidaya bisane nyedani Panjenengane, amarga padha wedi marang Panjenengane, awit wong akeh padha kaeraman kabeh ngrungokake piwulange.