2 padha kaweling mangkene: “Padha menyanga ing desa ngarepmu iku. Yen kowe mengko wis mlebu ing kono, kowe bakal mrangguli belo cancangan, kang durung tau ditunggangi ing wong. Iku uculana lan gawanen mrene.
3 Dene manawa ana wong kang ngaruh-aruhi kowe: Kadospundi panjenengan kok makaten, banjur wangsulana: Punika kagem Gusti, mangke enggal badhe dipun wangsulaken malih.”
4 Kang kautus banjur mangkat, belone iya katemu dicancang ana ing jaban lawang ing pinggir dalan, nuli diuculi.
5 Wong sawatara kang ana ing kono padha takon: “Punika kadospundi, kok belonipun panjenengan uculi?”
6 Iku iya diwangsuli kaya piwelinge Gusti Yesus, temah wong-wong mau padha meneng bae.
7 Belone banjur dituntun menyang ing ngarsane Gusti Yesus, nuli dilarabi ing jubahe, Gusti Yesus banjur nitih.
8 Akeh wong kang padha njereng jubahe ana ing dalan, ana maneh kang nyebar pang-pang ijo anggone mbabadi ing pategalan.