21 Petrus banjur kelingan apa kang wis kelakon, nuli matur marang Gusti Yesus: “Rabbi, cobi kapirsanana, wit anjir ingkang Paduka supaosi punika sampun garing.”
22 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Padha kumandela marang Allah!
23 Aku pitutur marang kowe: Satemene sing sapa calathu marang gunung iki: Mumbula lan nyegura ing sagara, uger sajroning batin ora mangu-mangu, nanging pracaya yen apa kang diucapake iku mesthi kalakon, mesthi iya bakal kalakon.
24 Mulane Aku pitutur marang kowe: Apa bae kang koksuwun lan kokdongakake, padha ngandela yen kowe wus kaparingan, dadi iku mesthi iya bakal kaparingake marang kowe.
25 lan yen kowe padha ngadeg ndedonga, mangka ana panggresahmu marang wong ing sajroning atimu, iku apuranen dhisik, supaya Ramamu kang ana ing swarga iya ngapura sakabehing kaluputanmu. [
26 Balik manawa kowe padha ora ngapura, Ramamu kang ana ing swarga iya bakal ora ngapura ing kaluputanmu.”]
27 Kacarita lakune wis padha tekan ing Yerusalem. Nalika Gusti Yesus lagi lumampah ana ing plataraning Padaleman Suci, tumuli ana pangareping imam, ahli-ahli Toret lan pinituwa-pinituwa kang padha sowan ing ngarsane