1 Gusti Yesus banjur wiwit ngandika marang wong-wong mau kalawan pasemon, “Ana wong gawe pakebonan anggur lan dipageri mubeng. Nuli ndhudhuk jugangan papan pameresan sarta ngadegake panggung panjagan. Sawise mangkono pakebonan iku disewakake marang wong-wong kang bakal padha nggarap, banjur lelungan menyang tanah ngamanca.
2 Bareng wus tumeka ing mangsane, wong mau kongkonan batur marani saperanganing pametune pakebonan menyang wong sing padha nggarap.
3 Nanging batur iku banjur dicekel dening wong-wong mau lan digebugi banjur dikon bali nglenthung.
4 Kang duwe pakebonan tumuli kongkonan batur liyane. Wong iki dipenthungi nganti tatu sirahe sarta diwirang-wirangake.
5 Banjur ana batur siji maneh kang dikongkon, iki malah dipateni. Lan isih akeh maneh liyane, ana kang digebugi lan ana kang dipateni.
6 Saiki mung kari siji, yaiku anake kang ditresnani. Wasana iki iya dikongkon marang wong-wong mau, pamikire: Anakku mesthine dieringi.
7 Nanging wong-wong kang nggarap pakebonan mau nuli padha rembugan mangkene: Lah iku ahli warise, ayo padha dipateni bae, mengko warisane banjur kita kang nduweni.