12 Wong-wong mau banjur padha mbudi-daya nyekel Gusti Yesus, amarga padha ngreti, yen sing dikarepake dening pasemon mau dheweke kabeh. Nanging padha wedi marang wong akeh, mulane banjur padha mundur, Panjenengane ditogake bae.
13 Wong-wong mau banjur kongkonan wong Farisi lan wong Herodhian sawatara sowan ing ngarsane, sedyane arep nyengkolong Panjenengane sarana pitakonan.
14 Kongkonan mau padha ngadhep lan matur: “Guru, kula sami sumerep, bilih Panjenengan punika jujur, tuwin boten ajrih dhateng sinten kemawon, amargi Panjenengan boten mawang tiyang, nanging mulangaken bab margining Allah ing saleresipun. Caos paos dhateng Sang Nata Agung punika punapa dipun kengingaken? Kula kedah nyaosi punapa boten?”
15 Nanging Gusti Yesus mirsa marang lamise wong-wong mau, banjur ngandika: “Yagene kowe padha nyoba marang Aku? Aku jupukna dhuwit dinar siji, arep Dakdeleng!”
16 Banjur dicaosi siji. Panjenengane nuli ndangu: “Iki gambare sapa lan iki tulisane sapa?” Atur wangsulane wong-wong mau: “Gambar saha seratanipun Sang Nata Agung.”
17 Pangandikane Gusti Yesus maneh: “Mulane Sang Nata Agung caosana kang dadi kagungane Sang Nata Agung, lan marang Gusti Allah kang dadi kagungane Gusti Allah.” Wong-wong mau padha kaeraman marang Panjenengane.
18 Tumuli ana wong Saduki sawatara kang sowan ing ngarsane, yaiku kang duwe panemu, yen patangen saka ing antarane wong mati iku ora ana; iku padha matur pitakon: