16 Banjur dicaosi siji. Panjenengane nuli ndangu: “Iki gambare sapa lan iki tulisane sapa?” Atur wangsulane wong-wong mau: “Gambar saha seratanipun Sang Nata Agung.”
17 Pangandikane Gusti Yesus maneh: “Mulane Sang Nata Agung caosana kang dadi kagungane Sang Nata Agung, lan marang Gusti Allah kang dadi kagungane Gusti Allah.” Wong-wong mau padha kaeraman marang Panjenengane.
18 Tumuli ana wong Saduki sawatara kang sowan ing ngarsane, yaiku kang duwe panemu, yen patangen saka ing antarane wong mati iku ora ana; iku padha matur pitakon:
19 “Guru, nabi Musa sampun maringi dhawuh dhateng kula sadaya: Manawi wonten tiyang ingkang gadhah sadherek jaler tilar donya, nilar semah boten tilar anak, punika sadherekipun wau kedah ningkah ingkang estri, supados saged gadhah turun kangge sadherekipun ingkang tilar wau.
20 Kalampahan wonten sadherek jaler pitu; ingkang kapisan emah-emah, nanging tilar donya boten tilar anak.
21 Ingkang estri lajeng dipun ningkah dening sadherekipun ingkang angka kalih, lan ugi tilar donya boten tilar anak. Makaten ugi ingkang angka tiga.
22 Makaten ing salajengipun, pitu-pitunipun sami boten tilar anak. Wasana sapengkeripun sadaya punika, tiyang estri wau inggih lajeng pejah.