28 Banjur ana sawijining ahli Toret, kang krungu anggone padha bebantahan lan ngreti, manawa paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau wis prayoga, iku nuli sowan ing ngarsane lan matur pitakon: “Pepaken ingkang ageng piyambak punika ingkang pundi?”
29 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Pepakon kang gedhe dhewe iku mangkene: Rungokna, heh, wong Israel, Pangeran Allah kita iku siji.
30 Sira tresnaa marang Allahira kalawan gumolonging atinira, lan kalawan gumolonging nyawanira, sarta kalawan gumolonging budinira apadene kalawan sakabehing kakuwatanira.
31 Dene pepakon kang kapindho yaiku: Sira tresnaa marang ing sapepadhanira kaya marang awakira dhewe. Ora ana pepakon liyane kang ngungkuli pepakon loro iku.”
32 Ahli Toret mau matur marang Gusti Yesus: “Kasinggihan, Guru, pangandika Panjenengan punika leres, bilih Gusti Allah punika namung satunggal, boten wonten sanesipun kajawi punika.
33 Pancen, tresna dhateng Gusti Allah kalayan gumolonging manah, kalayan gumolonging budi, saha kalayan sadaya kakiyatan, punapa dene tresna dhateng sasami-sami kadosdene punika dhateng badanipun piyambak, punika langkung dening utami yen katimbang kaliyan sadaya kurban obaran tuwin kurban sembelehan.”
34 Gusti Yesus mirsa, yen wangsulane wong mau kanthi pambudi, mulane banjur ngandika: “Kowe iku ora adoh karo Kratoning Allah!” Sabanjure ora ana wong kang wani matur apa-apa maneh marang Gusti Yesus.