13 Kowe bakal padha disengiti dening wong marga saka asmaKu, nanging sing sapa mantep nganti tumeka ing wekasan, iku bakal rahayu.”
14 “Manawa kowe padha weruh pangrusak kang ambek siya ngadeg ana ing papan kang dudu samesthine -- sing padha maca padha migatekna -- wong-wong kang ana ing tanah Yudea padha ngungsia menyang ing pagunungan.
15 Kang pinuju ana ing payon, aja mudhun njupuk barang saka ing omahe
16 lan wong kang lagi ana ing pategalan iya aja mulih njupuk sandhangane.
17 Nanging sangsara banget para ibu kang lagi ngandheg utawa kang nusoni ing mangsa iku.
18 padha ndedongaa, supaya kalakone iku kabeh aja mbeneri mangsa padhidhing.
19 Amarga ing nalika iku bakal ana kasangsaran kang ora ana pepadhane wiwit dumadining donya, kang katitahake dening Pangeran, nganti tumeka ing saiki lan kang ing besuk iya bakal ora kalakon maneh.