16 lan wong kang lagi ana ing pategalan iya aja mulih njupuk sandhangane.
17 Nanging sangsara banget para ibu kang lagi ngandheg utawa kang nusoni ing mangsa iku.
18 padha ndedongaa, supaya kalakone iku kabeh aja mbeneri mangsa padhidhing.
19 Amarga ing nalika iku bakal ana kasangsaran kang ora ana pepadhane wiwit dumadining donya, kang katitahake dening Pangeran, nganti tumeka ing saiki lan kang ing besuk iya bakal ora kalakon maneh.
20 Lan saupama Pangeran ora ngungkret wektune, ora ana kumelip kang lestari slamet; nanging amarga saka para pepilihan, kang wis kapilih dening Pangeran, wektune kaungkret.
21 Ing nalika iku manawa ana wong kang kandha marang kowe: Delengen, Sang Kristus ana ing kene, utawa: Delengen, Sang Kristus ana ing kana, aja kokandel.
22 Sabab bakal ana kristus-kristus lan nabi-nabi palsu kang jumedhul lan kang nganakake pratandha-pratandha sarta mukjijat-mukjijat, karepe, yen bisa arep nasarake para pepilihan.