34 Upamane kaya wong lelungan, omahe ditinggal dipasrahake marang para bature, kang siji-sijine padha diwenehi kawajiban dhewe-dhewe sarta juru regol dikon melek.
35 Mulane padha meleka, awit kowe ora sumurup, kapan tekane kang duwe omah mau, ngarepake bengi, apa tengah wengi, utawa wayah jago kluruk, apa bangun esuk.
36 iku supaya manawa dheweke teka, aja nganti kowe tinemu lagi turu.
37 Apa kang wis Dakpangandikakake marang kowe, iku Dakwarahake marang sakabehing wong: Padha meleka!”