4 “Paduka mugi karsaa paring sumerep, benjing punapa kelampahanipun bab punika saha punapa ingkang badhe dados alamatipun, manawi sadaya punika wau sampun badhe kelampahan?”
5 Gusti Yesus bajur wiwit ngandika: “Kowe padha sing awas, aja nganti kowe disasarake ing wong!
6 Bakal akeh wong kang padha teka nganggo jenengKu lan calathu: Iya aku iki, sarta bakal nasarake wong pirang-pirang.
7 Lan manawa kowe padha krungu swaraning perang utawa kabar-kabar perang, aja padha kaget, sabab iku kabeh kudu kalakon, ewadene iku isih durung pungkasane.
8 Awit bangsa bakal merangi bangsa, karajan merangi karajan. Bakal ana lindhu ing pirang-pirang panggonan, apadene bakal ana pailan. Iku mau kabeh mung dadi wiwitaning sangsara, ngarepake jaman anyar.
9 Nanging kowe sing awas, sing ngati-ati! Kowe bakal padha diladekake marang pradata agama, lan kowe bakal padha digebugi ana ing papan pangibadah sarta bakal disebakake marang ngarsane para kang ngasta panguwasa lan para raja marga saka Aku, minangka paseksi ana ing ngarsane.
10 Nanging Injil kudu diwartak-wartakake dhisik marang sakabehing bangsa.