2 sabab tembunge: “Aja ing wektu riyaya, supaya ora nggegerake wong akeh.”
3 Ing nalika Gusti Yesus ana ing desa Betania, ana ing omahe Simon Budhug lan pinuju dhahar, ana wong wadon kang marak karo nggawa gendul watu isi lenga jebad nared tulen, kang akeh ajine. Gendule nuli dipecah, lengane banjur diesokake ing mustakane Gusti Yesus.
4 Pratingkah mangkono iku ndadekake muring-muringe sawenehing wong lan padha rasanan: “Yagene lenga jebad iku diebreh-ebreh mangkono?
5 Sabab saupama diedola, mesthi payu luwih saka telung atus dinar, kena didanakake marang wong miskin.” Wong wadon mau banjur disrengeni.
6 Nanging Gusti Yesus ngandika: “Nengna bae wong iku. Yagene kowe padha gawe ribeding atine? Wong iku nindakake panggawe becik marang Aku.
7 Sabab wong miskin iku salawase ana ing kowe, kowe bisa mitulungi sawanci-wanci, nanging Aku ora bakal salawase ana ing kowe.
8 Wong iku wus nindakake apa kang bisa ditindakake. SariraKu wus dijebadi minangka pacawisan tumrap anggonKu bakal kasarekake.