33 Petrus, Yakobus lan Yokanan padha kadhawuhan ndherek. Panjenengane kraos ajrih banget lan gumeter,
34 banjur ngandika marang sakabat-sakabat mau: “Aku prihatin banget, rasane nganti kaya arep mati. Kowe padha anaa ing kene lan meleka.”
35 Panjenengane banjur mlampah sawatara tindak, nuli sumungkem ing bumi sarta ndedonga, manawa pancen diparengake, muga wektu iku sumingkira saka ing Panjenengane.
36 Ature: “Dhuh Abba, Rama, kagem Paduka boten wonten barang ingkang mokal, mila mugi karsaa nyingkiraken tuwung punika saking Kawula, nanging sampun ngantos kajeng Kawula, namunga ing sakarsa Paduka.”
37 Sawise mangkono Panjenengane banjur wangsul, katelune padha katemu turu. Nuli ngandika marang Petrus: “Simon, kowe kok turu? Apa kowe ora kuwat melek sajam bae?
38 Padha meleka lan ndedongaa, supaya kowe ora tumiba ing pangodha; roh iku cumadhang, nanging daging iku ringkih.”
39 Banjur tindak maneh lan ndedonga kaya sing dhisik mau.