10 Jalaran pancen mirsa, yen para pangarepe imam anggone ngulungake Gusti Yesus iku marga saka drengkine.
11 Nanging para pangarepe imam mau padha nojok-ojoki wong akeh supaya nyuwun luware Barabas.
12 Sang Pilatus banjur mangsuli maneh lan ndangu marang wong-wong mau: “Yen mangkono, wong kang kokarani ratune wong Yahudi iku dakkapakake?”
13 Wong-wong nuli padha nguwuh-uwuh maneh: “Kasaliba kemawon!”
14 Sang Pilatus nuli ngandika: “Dosane apa ta?” Nanging wong-wong saya seru anggone padha nguwuh-uwuh: “Kasaliba!”
15 Sarehne Sang Pilatus karsa damel mareming atine wong akeh, mulane Barabas banjur diluwari, dene Gusti Yesus banjur disapu lan sawise mangkono nuli dipasrahake supaya disalib.
16 Gusti Yesus banjur kadhabyang dening para prajurit menyang ing plataran jero, ing gedhong pangadilan, sarta banjur padha ngundang kanca-kancane sagolongan kabeh.