25 Nalika Gusti yesus kasalib iku mbeneri wayah jam sanga.
26 Ing sadhuwure ana tulisan, kang mratelakake apa sababe kaukum, unine: “Ratune wong Yahudi.”
27 Ana begal loro kang disalib bebarengan karo Gusti Yesus, kang siji ana ing tengen, sijine ana ing kiwane Panjenengane.[
28 Iya iku kayektenane tulisan kang mangkene: “Panjenengane kaetang awor kalawan wong durjana.”]
29 Wong-wong kang padha liwat ing kono, padha ngala-ala Panjenengane, padha calathu kambi gedheg-gedheg, “Heh, Kowe sing arep ngrubuhake Padaleman Suci lan arep mbangun maneh sajrone telung dina,
30 mudhuna saka ing salib, luwarana awakMu!”
31 Mangkono uga para pangarepe imam karo para ahli Toret, iya padha moyoki lan padha sapocapan mangkene: “Wong liya padha ditulungi, nanging nulungi awake dhewe ora bisa!