4 Sang Pilatus ndangu maneh marang Panjenengane, pangandikane: “Punapa Panjenengan boten mangsuli punapa-punapa? Mangka kathah sanget pandakwanipun tiyang-tiyang punika dhateng Panjenengan.”
5 Nanging Gusti Yesus ora mangsuli apa-apa maneh, temah Sang Pilatus eram.
6 Wis dadi adat kalumrahan saben dina gedhe Sang Pilatus ngluwari wong ukuman siji, sing dikarepake dening wong akeh.
7 Nalika samana ana wong sing jenenge Barabas, sing lagi diukum bebarengan karo pambrontak liyane sawatara, kang sajrone ngraman mau wis mateni wong.
8 Nalika samana banjur ana wong akeh kang padha teka lan nyuwun, supaya adat kalumrahan mau dilestarekake.
9 Sang Pilatus mangsuli lan ndangu: “Apa karepmu supaya aku ngluwari ratune wong Yahudi iki?”
10 Jalaran pancen mirsa, yen para pangarepe imam anggone ngulungake Gusti Yesus iku marga saka drengkine.