5 Nanging Gusti Yesus ora mangsuli apa-apa maneh, temah Sang Pilatus eram.
6 Wis dadi adat kalumrahan saben dina gedhe Sang Pilatus ngluwari wong ukuman siji, sing dikarepake dening wong akeh.
7 Nalika samana ana wong sing jenenge Barabas, sing lagi diukum bebarengan karo pambrontak liyane sawatara, kang sajrone ngraman mau wis mateni wong.
8 Nalika samana banjur ana wong akeh kang padha teka lan nyuwun, supaya adat kalumrahan mau dilestarekake.
9 Sang Pilatus mangsuli lan ndangu: “Apa karepmu supaya aku ngluwari ratune wong Yahudi iki?”
10 Jalaran pancen mirsa, yen para pangarepe imam anggone ngulungake Gusti Yesus iku marga saka drengkine.
11 Nanging para pangarepe imam mau padha nojok-ojoki wong akeh supaya nyuwun luware Barabas.