10 Wong wadon mau nuli lunga aweh pawarta bab iku mau marang kabeh wong, kang biyen tansah ndherek Gusti Yesus, lan kang ing wektu iku pinuju padha susah lan nangis.
11 nanging bareng padha krungu, yen Gusti Yesus gesang lan wis dideleng Maryam, padha ora ngandel.
12 Sawise iku, Panjenengane ngatingal kalawan ngagem rupi seje marang wong loro panunggalane, nalika karone padha lumaku menyang ing jaban kutha.
13 Wong loro mau banjur bali padha aweh pawarta bab iku marang kanca-kanca liyane, nanging iya padha ora ngandel.
14 Sawuse mangkono Gusti Yesus ngatingal marang sakabat sawelas, nalika lagi padha mangan, sarta banjur padha ditutuh bab cupeting pangandele lan dableging atine, dene kok padha ora ngandel marang critane wong-wong kang wis padha ndeleng Panjenengane sawuse wungu.
15 Banjur ngandika marang para sakabat mau: “Padha njlajahana jagad iki kabeh, Injil wartakna marang sakabehing tumitah.
16 Sapa kang pracaya lan kabaptis, bakal rahayu, nanging sing sapa ora pracaya, bakal kaukum.