14 Ana rolas kang ditetepake dadi kanthine, kang kautus nggelarake Injil
15 sarta kang diparingi panguwasa nundhung setan.
16 Wong rolas kang kapiji iku yaiku: Simon, kang banjur kaparingan jeneng Petrus,
17 Yakobus, anake Zebedheus, lan Yokanan sadulure Yakobus, kang karone banjur kaparingan jeneng Boanerges, kang tegese anak gludhug,
18 nuli Andreas, Filipus, Bartolomeus, Mateus, Tomas, Yakobus anake Alfeus, Tadheus, Simon wong Zelot,
19 lan Yudas Iskariot, kang ngulungake Panjenengane.
20 Gusti Yesus tumuli lumebet ing sawijining omah, banjur ana wong akeh kang padha sowan maneh, padha kumrubut, nganti mangan bae padha ora bisa.