17 Yakobus, anake Zebedheus, lan Yokanan sadulure Yakobus, kang karone banjur kaparingan jeneng Boanerges, kang tegese anak gludhug,
18 nuli Andreas, Filipus, Bartolomeus, Mateus, Tomas, Yakobus anake Alfeus, Tadheus, Simon wong Zelot,
19 lan Yudas Iskariot, kang ngulungake Panjenengane.
20 Gusti Yesus tumuli lumebet ing sawijining omah, banjur ana wong akeh kang padha sowan maneh, padha kumrubut, nganti mangan bae padha ora bisa.
21 Bareng kulawangsane padha krungu, banjur padha teka arep nyekel Panjenengane, amarga padha ngarani Panjenengane gerah gingsir.
22 Dene para ahli Toret kang teka saka Yerusalem padha pratela: “Dheweke kapanjingan Beelzebul, lan nundhungi setan demi panggedhening setan.”
23 Wong-wong mau banjur padha katimbalan lan dipangandikani kanthi pasemon: “Kapriye, apa setan bisa nundhung setan?