24 Manawa ana karajan, kang kawulane padha crah, karajan mau ora bisa tulus
25 lan manawa ana brayat, kang wargane padha crah, brayat iku ora bisa lestari.
26 Mangkono uga manawa Iblis brontak nglawan awake dhewe lan manawa dheweke kabage-bage, ora bakal bisa lestari, nanging mesthi malah wis tekan ing wekasane.
27 Ora ana wong kang bisa lumebu omahe wong rosa lan njarah rayah barang darbeke, manawa wong kang rosa mau ora ditalikung dhisik. Sawise mangkono lagi bisa njarah rayah omahe.
28 Aku pitutur marang kowe: Satemene sakabehing dosa lan pangala-alane anak-anaking manungsa iku bakal kaapura, malah sakabehing pangala-ala kang diucapake.
29 Nanging wong kang ngala-ala marang Sang Roh Suci, ora bakal oleh pangapura salawas-lawase, jalaran kaluputan anggone nindakake dosa kang langgeng.”
30 Panjenengane ngandika mangkono iku, jalaran wong-wong mau padha ngarani Panjenengane kapanjingan dhemit.