5 Gusti sungkawa panggalihe nguningani wangkoting atine wong-wong iku, banjur padha dipirsani mubeng kalawan duka, nuli dhawuh marang kang ceko: “Jejegna tanganmu!” Tangane banjur diathungake, wis mari.
6 Para wong Farisi padha metu lan banjur sakuthon karo wong Herodhiani sumedya nyedani Panjenengane.
7 Gusti Yesus dalah para sakabate banjur sumingkir menyang ing sagara, akeh wong saka Galilea kang padha ndherekake. Uga saka ing Yudea
8 saka ing Yerusalem, saka ing tanah Idumea, saka ing sabrange bengawan Yarden, apadene saka ing tlatahe Tirus lan Sidon iya akeh kang padha sowan, awit wis padha krungu bab apa kang katindakake dening Panjenengane kabeh.
9 Gusti Yesus banjur dhawuh marang para sakabate nyadhiyakake prau kagem Panjenengane, amarga saka akehe wong ing kono, dadi supaya Panjenengane aja nganti kadhesek-dhesek.
10 Mulane mangkono, awit wis akeh wong kang diwarasake, satemah wong kang padha nandhang lelara padha suk-sukan mau arep ndemek Panjenengane.
11 Para dhemit kang padha ndeleng Panjenengane, padha sujud ana ing ngarsane karo bengok-bengkok, “Paduka punika Putranipun Allah!”