8 saka ing Yerusalem, saka ing tanah Idumea, saka ing sabrange bengawan Yarden, apadene saka ing tlatahe Tirus lan Sidon iya akeh kang padha sowan, awit wis padha krungu bab apa kang katindakake dening Panjenengane kabeh.
9 Gusti Yesus banjur dhawuh marang para sakabate nyadhiyakake prau kagem Panjenengane, amarga saka akehe wong ing kono, dadi supaya Panjenengane aja nganti kadhesek-dhesek.
10 Mulane mangkono, awit wis akeh wong kang diwarasake, satemah wong kang padha nandhang lelara padha suk-sukan mau arep ndemek Panjenengane.
11 Para dhemit kang padha ndeleng Panjenengane, padha sujud ana ing ngarsane karo bengok-bengkok, “Paduka punika Putranipun Allah!”
12 nanging padha dilarang wanti-wanti, ora diparengake martakake bab sapa ta Panjenengane iku.
13 Sawise iku Gusti Yesus tumuli minggah ing gunung sarta nimbali sapa wong kang dikarsakake lan iya banjur padha sowan ing ngarsane.
14 Ana rolas kang ditetepake dadi kanthine, kang kautus nggelarake Injil