11 Paring wangsulane, “Kowe kabeh wis padha kaparingan kekerane Kratoning Allah, nanging marang wong-wong jaba samubarang kabeh kaparingake kanthi pasemon,
12 supaya:Sanadyan ndeleng, ora weruh,sanadyan krungu, ora ngreti,supaya aja padha mratobat lan oleh pangapura.”
13 Tumuli ngandika marang wong-won mau: “Apa kowe ora padha ngreti isining pasemon iki? Manawa mangkono kapriye bisamu ngreti pasemon-pasemon liyane kabeh?
14 Juru nyebar iku nyebar pangandika.
15 Wong-wong ing pinggir dalan, kang disebari pangandika, yaiku wong-wong kang ngrungokake pangandika, nanging Iblis banjur teka ngilangi pangandika kang disebar ing sajroning atine.
16 Mangkono uga kang disebar ing tanah kang akeh watune, yaiku wong-wong kang ngrungokake pangandika mau lan enggal-enggal nampani kanthi seneng.
17 Nanging ku ora ana oyode, dadi mung bisa tahan sadhela. Bareng ana mangsane katindhes lan kinaniaya, marga saka pangandika mau, banjur padha murtad.