22 Sabab ora ana barang kang kasidhem, kang ora bakal kalairake, lan ora ana barang kang winadi kang ora bakal kawiyak.
23 Sing sapa duwe kuping kanggo ngrungokake iku ngrungokna!”
24 Banjur ngandika maneh, “Ematna apa kang padha kokrungokake. Ukuran kang kokanggo ngukur, iku uga bakal kanggo ngukur kowe, sarta kajaba iku tumrap kowe bakal diwuwuhi.
25 Amarga sapa kang duwe, bakal diparingi, dene sing ora duwe, kabeh kang kaduwe bakal kapunduhut.”
26 Gusti Yesus banjur ngandika: “Kratoning Allah iku mangkene: upamane kaya wong kang nyebar wiji ing lemah,
27 nuli yen bengi turu, yen awan tangi, lan wiji mau thukul sarta saya dhuwur, kapriye tumindake, wong mau ora ngreti.
28 Bumi iku metokake woh dhewe, kang dhisik gagange, banjur wewulene, nuli gandume kang mentes-mentes.