26 Gusti Yesus banjur ngandika: “Kratoning Allah iku mangkene: upamane kaya wong kang nyebar wiji ing lemah,
27 nuli yen bengi turu, yen awan tangi, lan wiji mau thukul sarta saya dhuwur, kapriye tumindake, wong mau ora ngreti.
28 Bumi iku metokake woh dhewe, kang dhisik gagange, banjur wewulene, nuli gandume kang mentes-mentes.
29 Manawa wohe wis cukup tuwa, wong mau wiwit ngeriti, amarga wis mangsa panen.”
30 Gusti Yesus ngandika maneh: “Kratoning Allah iku kita upamakake apa? Utawa kena kita gambar nganggo pasemon apa?
31 Kraton iku upamane kaya wiji sawi kang disebar ing lemah. Pancen wiji iki, padha-padha wiji kang ana ing bumi, cilik dhewe.
32 Nanging bareng wis disebar, banjur thukul lan dadi gedhe ngluwihi sakabehing jejanganan liyane, sarta metu pange kang gedhe-gedhe, nganti manuk-manuk ing awang-awang padha bisa nusuh ana ing ayomane.”