3 “Padha rungokna! Ana juru nyebar metu nyebar wiji.
4 Anggone nyebar mau ana kang tumiba ing pinggir dalan, nuli ana manuk kang padha teka nucuki wiji-wiji mau nganti entek.
5 Ana kang tumiba ing lembah kang akeh watune, lemahe mung sathithik. Wijine enggal tuhukul, amarga lemahe tipis.
6 Nanging bareng srengengene saya dhuwur, banjur alum lan dadi garing amarga ora ana oyode.
7 Ana maneh kang tumiba ing eren; bareng thethukulan eri iku saya gedhe, wijine kendhih banjur mati, temahan ora metu wohe.
8 Ana kang tumiba ing lemah becik, iku thukul kanthi subur lan banjur metu wohe ana kang tikel telung puluh, ana kang tikel sawidak, ana kang tikel satus.”
9 Apamaneh pangandikane: “Sapa kang duwe kuping kanggo ngrungokake, ngrungokna!”